SEJARAH- Kacariyos para wali tansah
ambudidaya sumiyaring agami Islam ing tanah Jawi, amila lajêng ngwontênakên
pêpanggihan (parêpatan para wali) dipun jênêngi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan
Syah Alam Akbar, wontên ing masjid Dêmak.
Mênggah wigatosing parêpatan
wau, ngrêmbag kadospundi sagêdipun tumuntên têtiyang Jawi sami purun ngrasuk
agami Islam, amargi taksih kathah ingkang dèrèng purun, taksih sami puguh
anggèning gondhèli utawi ngantêpi agami Budha, amila para wali lajêng rekadaya
ngupados akal ingkang alus, ingkang botên kanyana-nyana, kadospundi
rekadayanipun.
Lajêng karêmbag ngantos rame,
guyêng sangêt, warni-warni pamanggihipun nanging mêksa dèrèng wontên ingkang
marêmakên. Wusana wontên usul ingkang damêl cingakipun para wali, inggih punika
usulipun Kangjêng Sunan Kalijaga, wali băngsa Jawi, ingkang amumpuni saliring
kawruh, usulipun makatên.
Murih tumuntên kasêmbadaning
sêdya, kêdah mawi sarana angwontêni kabudayan Jawi ingkang dipun karêmêni ing
têtiyang Jawi. Kaanggêp pusaka Jawi, inggih punika găngsa, angwontêni găngsa
dipun pasang ing sacêlakipun masjid, katabuh ingkang sêru sangêt, supados
kamirêngan saking katêbihan, langkung-langkung ingkang botên têbih sagêd mirêng
cêtha sangêt.
Mêsthi kathah têtiyang ingkang
sami mara dhatêng aningali, utawi mirêngakên ungêling găngsa wau. Amargi sampun
sawatawis dangu botên sami mirêngakên găngsa ingkang dipun karêmêni sangêt,
kaanggêp pusaka Jawi ingkang sakalangkung pinundhi-pundhi.
Lah ing ngriku punika
panggenanipun nandukakên daya sarana ingkang sae sangêt. Inggih punika têtiyang
ingkang sami dhatêng ningali utawi mirêngakên ungêling găngsa, kenging, nanging
kêdah mawi jangji, jangjinipun makatên.
Sapa bae kêna nonton, ugêr gêlêm
manjing agama Islam. Mênawi sampun sanggêm, lajêng kaataga sêsuci (wudlu). Yèn
sampun wudlu lajêng katuntuna ngucap sahadat kalih, têmbungipun Arab
syahadatin. Lah punika sampun têtêp manjing Islam. Makatên usulipun Kangjêng
Sunan Kalijaga.
Usul wau lajêng dados rêmbag
rame guyêng sangêt, nanging sarêng kagalih-galih panjang pancèn inggih lêrês
kêdah makatên. Mila putusanipun, usul punika katampi mufakat kalayan saur
pêksi, awit kagalih mikantuki piyambak. Laras sangêt kalihan kawontênanipun,
mila bab badhe wontênipun găngsa, pandamêlipun găngsa dalah laguning
gêndhing-gêndhingipun sadaya lajêng kabubuhakên Kangjêng Sunan Kalijaga,
ingkang sakalangkung dhamang dhatêng bab wau. Parêpatan lajêng bibaran.
Bab usulipun Kangjêng Sunan
Kalijaga, kasbut ing nginggil wau, sajatosipun, Kangjêng Sunan Kalijaga èngêt
wêcanipun Sang Prabu Brawijaya V, yèn agami Budha dalah kabudayanipun botên
sagêd sirna babar pisan, taksih kandêl sangêt.
Jêr sampun rumasuk balung
sungsumipun têtiyang Jawi, mila lajêng kagungan usul makatên wau, kajawi èngêt
wêcanipun Sinuhun Brawijaya, inggih Kangjêng Sunan Kalijaga piyambak pancèn
rêmên dhatêng kabudayan Jawi, kala-kala taksih kaparêng angasta rêbab (ngrêbab)
baud dhatêng gêndhing-gêndhèng.
Kacariyos, lajêng iyasa găngsa
ingkang badhe kapigunakakên kaangge mulut manahipun têtiyang Jawi supados purun
ngrasuk agami Islam. Iyasan găngsa wau rarasipun pelag (pelog).
Sarèhning badhe katabuh sêru
sangêt (sakayangipun) supados kamirêngan ing ngakathah, amila pandamêling
găngsa dipun kandêli sangêt, lan dipun agêngi wujudipun anglangkungi saking
găngsa limrah, cacahipun namung pitung warni, botên mawi rêbab, gambang,
gêndèr, suling lan sapanunggilanipun ingkang botên kiyat katabuh sakayangipun.
Jêr namung ngupados swantên
ingkang sora sangêt, botên pados matmatan. Kajawi iyasa găngsa inggih lajêng
nganggit gêndhingipun. Dipun cariyosakên pambabaripun găngsa sarêng kalihan
pambabaring gêndhing.
Dene warni saha cacahipun găngsa saantaranipun, Bonang sapangkon, Kêmpyang sapangkon, Dêmung 2 pangkon, Saron barung 4 pangkon, Saron panêrus 2 pangkon, Bêdhug 1 iji, Gong 2 iji (sarakit).
Dene gêndhingipun Rambu, ladrangan
raras pelog panunggul, sawênèh amastani pelog 5, gêndhing kawitan, inggih
punika kêdah kaungêlakên rumiyin piyambak, saha Rangkung, ladrangan raras pelog
panunggul, sawênèh amastani pelog gangsal.
Gêndhing ăngka kalih, inggih
punika mênawi sampun gêndhing Rambu, kêdah mungêl gêndhing Rangkung wau.
Gêndhing-gêndhing wau mawi dipun
purwakani garambyanganing bonang minăngka bêbukaning gêndhing, winastan racikan
( kala samantên sawêg racikan pelog gangsal).
Sabên dhawah pada lingsa mawi
dipun sarêngi barung dêmung, saron
barung, saron panêrus, sarta manêmbung (bonang agêng gêmbyanganipun ingkang
kangge ngrawit, ugi winastan dhawahan, amargi thuthukanipun andhawahi
dhong-dhinging gêndhing). Angsal kalih barungan utawi kalih dhawahan, dipun
bêdhugi ngantos dumugi gong, lajêng mirong (badhe minggah), lajêng minggah
dados gêndhing.
Racikan punika mênawi dipun
căndra, bonang, kadosdene ingkang minăngka imamipun ingkang andonga, dêmung,
saron barung sapanunggilanipun, kadosdene ingkang ngamini utawi tadhah amin,
makatên candranipun.
Sarèhning găngsa dalasan
laguning gêndhing sampun sumadhiya rampung, para wali lajêng parêpatan,
ngrêmbag bab kanggenipun găngsa wau. Badhe kasarêngakên pasamuan punapa.
Sasampuning karêmbag rame,
putusaning parêpatan, kagêm pasamuan ing wulan Mulud taun Dal, wiwit tanggal
kaping 5, sampun wiwit kaungêlakên rintên dalu dumugi garêbêg (bakda) kagêm
pahargyan amèngêti saha mulyakakên dintên wiyosan taun Gusti Kangjêng Nabi
Mukhamad Rosullullah, ing dintên Sênèn Pon tanggal kaping 12 wulan Robilulawal
(Mulud) ing taun Dal. (Utawi ing dintên Isnèn, tanggal 20 ing wulan April, taun
Mêsèi 571).
Dumugining perlu ingkang sampun
katamtokakên. Găngsa katata wontên ing bangsal pradăngga sacêlakipun masjid.
Dene sangajênging găngsa dipun sudhiyani toya suci kaangge wulu, ing tanggal
kaping 5 wulan Mulud, wanci ngasar, găngsa wiwit kaungêlakên, swantênipun sora
angrêrangin, laguning gêndhing miwah rarasing găngsa, sangêt amiraos.
Sagêd nênarik manah, anjalari
kathahipun têtiyang ingkang sami dhatêng ningali, saking sêngsêmipun dhatêng
găngsa wau, têmahan sami sanggêm anglampahi malêbêt agami Islam. Lajêng kapurih
wulu, yèn sampun wulu lajêng katuntun ngucap syahadatin, wontên ing
sangajêngipun găngsa.
Awit saking punika găngsa wau
lajêng winastan găngsa syahadatin, kalanturing pakêcapan dados găngsa Sakatèn uga diwastani Suka Ati.
(sumber literasi serat gamelan)
