MANUSKRIP - Cariyosipun Banawi Sala
Kaanggit dening Radèn Adipati Arya Rêksa Kusuma Bupati Bojanagara
Sarèhning Banawi Sala saurutipun
punika prêlu sangêt kasumêrêpan ing akathah, mênggah saking cacriyosanipun
ingkang langkung amigunani, saha ingkang anèh, punapadene ingkang ambêbayani,
pramila kacariyosakên kados ing ngandhap punika.
Ilinipun Banawi Sala
Kajawi ingkang sampun kasêbut
ing dalêm gambaring kapuloan Indiya Nèdêrlan, bab ilining lèpèn utawi banawi
ing pulo Jawi, kula têrangakên malih bab ilining Banawi Sala, wiwit saking
tukipun residènsi Surakarta ngantos dumugi anjog wutahipun dhatêng sêgantên
Jawi salèripun supitan Madura.
Banawi Sala punika lèpèn ingkang
agêng piyambak ing satanah Jawi, tukipun ing laladan rêsidènsi Surakarta
ingkang têmbing kidul wetan, inggih punika ing parêdèn Sèwu. Saking tuk wau
mili ngidul ngilèn, dados watês apdheling Pacitan kalihan Wanagiri, nuntên
menggok mangilèn lumêbêt ing bawah Wanagiri, sarêng dumugi Kakap, menggok
ngalèr lêrês, wontên sakidulipun kitha Wanagiri kajogan lèpèn Kêduwang, ingkang
tukipun saking rêdi Lawu.
Banawi Sala sasampunipun
anglangkungi kitha Wanagiri ilinipun menggok ngalèr ngilèn, kajogan lèpèn
Dêngkèng ingkang tukipun saking rêdi Marapi. Saking ngriku ilinipun nêkuk
ngalèr ngetan, sarêng dumugi kitha Surakarta kajogan lèpèn Pepe, ingkang
tukipun saking rêdi Mêrbabu.
Banawi Sala ilinipun taksih
ngalèr ngetan, nuntên kajogan lèpèn Kêdhungbang, ingkang tukipun saking rêdi
Lawu. Sarêng dumugi ing dhusun Sukowati salèripun Sragèn, Banawi Sala nêkuk
mangetan, dumugi ing watês apdheling Ngawi lan Sragèn kajogan lèpèn Kêdhung
Banthèng, ingkang tukipun saking rêdi Lawu.
Saking ngriku Banawi Sala lajêng
wiwit lumêbêt ing talatahipun apdheling Ngawi, ilinipun mangetan lêrês,
sadumuginipun kitha Ngawi, têmpur kalihan banawi Madiun, ingkang ugi nama lèpèn
Gênthong. Wiwit ing têmpuran ngriku Banawi Sala dados lèpèn ingkang agêng sarta
kenging kaambah ing baita ngantos dumugi ing muwaranipun, awit banawi Madiun
punika ugi lèpèn agêng, jalaran sadaya lèpèn ing apdheling Panaraga, Madiun,
Magêtan lan Ngawi sami anjog ing banawi Madiun sadaya.
Saking kitha Ngawi ilinipun
Banawi Sala menggok mangalèr, nuntên lumêbêt ing laladan residhènsi Rêmbang,
dados wontên apdheling Blora lan Bojanagara. Saya mangalèr ilinipun saya
ngèncèng ngalèr ngetan, sarêng dumugi ing Cêpu kajogan lèpèn Bathokan, ingkang
tukipun saking parêdèn gamping salèr wetaning kitha Blora.
Saking ngriku lèpèn Banawi Sala ilinipun lajêng menggak-menggok mangetan, lumêbêt ing apdheling Bojanagara. Dumugi sawetanipun dhistrik Padhangan, kajogan lèpèn Gandhongan, ingkang tukipun saking rêdi Pandhan. Mangetan malih kajogan lèpèn Tidhu ugi tukipun saking rêdi Pandhan.
Wiwit saking ondêrdhistrik Malo, ilinipun Banawi Sala
nêkak-nêkuk mangetan lêrês, sadumuginipun kitha Bojanagara kajogan lèpèn
Kêning, ingkang tukipun saking parêdèn gamping ing laladan apdheling Rêmbang
ingkang têmbing kidul wetan.
Banawi Sala lajêng mili
mangetan, nuntên dados watêsipun apdheling Bojanagara lan Tuban, sarêng dumugi
salèripun ondêrdhistrik Kapas, kajogan lèpèn Pacal, ingkang tukipun saking rêdi
Pandhan. Banawi Sala sadumuginipun salèring dhistrik Pêlêm nêkuk mangalèr,
dumugi ing dhistrik Rèngêl nêkuk mangetan, ngantos dumugi ing Babad.
Saking Babad Banawi Sala mili
ngalèr ngetan, dados watês apdheling Tuban lan Gêrsik, nuntên lumêbêt ing
laladan apdheling Gêrsik, ilinipun taksih nêkak-nêkuk mangetan, sarêng dumugi
sakidulipun kitha Sidayu, lajêng wutah dhatêng Sagantên Jawi, salèripun supitan
Madura.
Pigunanipun Banawi Sala
Banawi Sala punika awit ing
kitha Ngawi dumugi ing muwaranipun kenging kaambah ing baita, kathah sangêt
baita saking Ngawi amot dagangan dhatêng Cêpu, awit ing ngriku punika pêkênipun
agêng. Wontên ugi baita ingkang amot dagangan ngantos dumugi pêkên-pêkên ing
Kalitidhu, Bojanagara, Babad, dumugi Sidayu lan Gêrsik, sadèrèngipun wontên
margi trèm saking Gundhih dumugi Surabaya, baita dagang ingkang lêlayaran ing
Banawi Sala sakalangkung rame, kathahipun ngantos atusan.
Kajawi punika wiwit ing Cêpu
sapangetan kathah kajêng jatos ingkang kausung mêdal Banawi Sala, sarana
kagandhèng-gandhèng, kawastanan gèthèk. Kala sadèrèngipun wontên margi trèm,
Anèmêr Cina ingkang amborong ngusung kajêng jatos sarana kadamêl gèthèk ngantos
angsal sawidak dumugi pitung dasa èwu rupiyah sataunipun, ananging ing sapunika
sampun kathah sangêt sudanipun, awit kajêng jatos kausung mêdal trèm.
Ing pinggir-pinggiripun Banawi
Sala kathah sitinipun mawur, kadadosan saking siti amor wêdhi lêmbat,
limrahipun kawastanan wêdhêg, punika prayogi sangêt kangge ngurug plataraning
griya, awit sagêd andadosakên gasik.
Wontên malih siti ingkang
kabêkta dening toya bêna, sami mênêp ing pinggiraning lèpèn, punika kawastanan
siti walêd, agêng sangêt paedahipun tumpraping têtanèn, jalaran walêd punika
rabuk ingkang prayogi sangêt. Saupami têtiyang ingkang pakaranganipun cêngkar
kaprêlokakên ngusungi walêd, saking pinggiran banawi kaurugakên ing
pakaranganipun, saèstu badhe adamêl saening tanêman, ingkang anjalari
andhatêngakên kauntungan.
Tanah-tanah ing sapinggiripun
Banawi Sala sabên taun kableberan toya ingkang ambêkta walêd, adamêl suburipun
sadaya tanêman, ingkang katanêm ing ngriku. Punapadene kangjêng guprêmèn karsa
amanggalih bab kawontênanipun Banawi Sala, amurih sagêdipun sadaya para tiyang
tani ingkang sitinipun botên kenging katanêman, jalaran kêkirangan toya, sagêda
angsal toya.
Tuwin malih kagungan karsa badhe
angewahi têmpuranipun, sabab Banawi Sala punika sakalangkung kathah
pambêktaning lumpur (siti walêd) ing sadintên-dintênipun wontên 37.000 ngantos
dumugi 64.000M3. Pramila kuwatos bilih sangsaya dangu margining layaran ingkang
dhatêng Surabaya kuwalêdan, dados prêlu têmpuranipun kapindhah.
Pandamêlan punika sampun rambah
kaping kalih katindakakên, ananging ugi dèrèng sagêd sampurna.
Ing măngsa katiga, gampèngipun
Banawi Sala ingkang mayat-mayat sami dipun damêl patêgilan, nama têgil, tlatah
(sêtrèn) punika patêgilan ingkang loh, awit ing ngriku kathah walêdipun,
jalaran ingkang makatên punika Banawi Sala kenging kawastanan juru pangrabuk
siti.
Pamêdalipun têgil, tlatah
(sêtrèn) punika ingkang kathah sata, nanging ugi wontên pamêdalipun jagung,
terong, krai, sêmăngka, kacang, lombok, sapanunggilanipun.
Ing pinggir-pinggiranipun Banawi
Sala ingkang ragi cêthèk, kathah tiyang ingkang mêndhêt wêdhi, kacidhuk kalihan
ekrak utawi tompo, nuntên kaisèkakên dhatêng baita, kausung dhatêng
sapinggiring banawi ingkang adhakan, saking ngriku kabêkta grobag dhatêng
pundi-pundi panggenan, ingkang pêrlu ngangge wêdhi.
Sanèsipun punika Banawi Sala ugi angêdalakên asil krikil. Kathah têtiyang ingkang angsal panggêsangan sarana mêndhêt krikil, kados patrapipun mêndhêt wêdhi wau, kasade dhatêng matsêkape sêpur utawi anèmêr sela radinan agêng (radinan irêndhinês) yèn kapetang pangaosing wêdhi lan krikil ingkang kapêndhêt ing sabên măngsa katiga botên kirang saking rêrêgèn sangang èwu dumugi gangsal wêlas èwu rupiyah.
Dene
rêginipun wêdhi ing dalêm satunggal kas tilas wadhah blèg patraliyun, ngantos
kalih dumugi tigang sèn, krikil rêgi sakawan dumugi gangsal sèn.
Wondene Banawi Sala punika ugi
kathah ulamipun, kados ta: badhèr, wagal, lêmpuk, rêngkik, kakap, wadêr, ulam
pacal, ulam trumpah, urang, sênggaringan, bloso, kacangan, bancèr,
sapanunggilanipun. Kathah ugi tiyang ingkang panggêsanganipun mêndhêt ulam ing
banawi ngangge pirantos jala, sambêr, jaring, pancing, badhong, cundhit, sèsèr,
ayap, bênco, waring, cêmpuling, lan sapanunggilanipun.
Ing sarèhne ulam punika kenging
kawisaya ing tiyang, andadosakên ing kauntunganipun, mila prayoginipun sampun
ngantos wontên tiyang ingkang ngupados ulam sarana katuba utawi dipun dhinamit,
awit bilih makatên badhe nyurêsakên ulam sadaya, andadosakên kapitunanipun
piyambak. Malah-malah ulam ingkang taksih alit-alit sangêt, bilih kenging ing
wisaya, kawangsulna dhatêng banawi malih, murih sagêda dados bibiting ulam,
kenginga dipun wisaya ing têmbenipun.
Sampun kayêktosakên,
sadangunipun pabrik lisah latung ambucali rêrêgêdipun latung dhatêng Banawi
Sala, inggih punika sapriki sampun kalampahan kalih wêlas taun laminipun,
raosipun ulam ing Banawi Sala lajêng botên eca, jalaran sêmu mambêt arus
saèmpêr ambêting lisah latung, punapa malih bilih măngsa katiga, ambêtipun ulam
saya arus, nanging manawi rêndhêng wontên tambaripun sawatawis, jalaran toya
banawi mindhak agêng, rêrêgêding pabrik latung ajêg.
Bêbayanipun Banawi Sala
Têrkadhang Banawi Sala punika
angwontênakên bancana, inggih punika jalaran saking bêna. Bilih sampun măngsa
rêndhêngan agêng, sampun kenging katamtokakên Banawi Sala punika bêna,
toyanipun ambalabar angrampak dharatan sakiwa têngênipun aprasasat sagantên
ingkang panuju êrob. Kathah tanêman ing sabin miwah patêgilan sami karisakan,
griya-griya ing padhusunan sami nritis sadaya, wontên ugi ingkang ngantos silêp
payonipun.
Bilih pinuju makatên punika
kasangsaranipun têtiyang ingkang kabênan botên kenging winiraos, wontên ingkang
ngili dhatêng radinan ingkang gênêng dalasan rajakayanipun, wontên ingkang
ngungsi dhatêng padhusunan, ingkang pêrnahipun langkung inggil, wontên ugi
ingkang ngranggon kemawon, inggih punika pangêrêting griyanipun kadamêlakên
palangan dêling katumpangan sèsèk, lajêng kaênggenan saanak bojonipun.
Ngliwêt lan olah-olah ugi wontên
ing ngriku kemawon, nanging bilih kabêtahanipun ingkang calon katêdha dèrèng
wontên, sawêg sami numpak baita dhatêng pêkên utawi warung ingkang cêlak
dunungipun.
Ing wêktu bêna makatên, baita-baita dagang tuwin gèthèk-gêthèk ugi taksih kathah ingkang lêlampah ing banawi, punika têrkadhang wontên ingkang katiwasan kèrêm, andadosakên pêpêjah. Dene gèthèk wontên ingkang buyar, pêdhot tangsulipun, kajêngipun sami kentir pating balêsar, wontên ingkang pinanggih, wontên ugi ingkang ical larinipun.
Awit bilih ing măngsa katiga baita sarta gèthèk-gèthèk wau sami botên sagêd
lumampah, sabab saking kiranging toya utawi kathah selanipun ingkang
agêng-agêng.
Bajul ing Banawi Sala ugi
wontên, nanging awis sangêt ingkang nyikara tiyang.
Cacriyosan tumrap Banawi Sala
Kèrèk
Banawi Sala kapêrnah salèripun
Ngawi, wontên panggenan ingkang kawastanan Kèrèk. Pramila kawastanan makatên,
jalaran sabên wontên baita mudhik, dumugi ing ngriku mêsthi kakèrèk (katuntun
dening tiyang mawi dhandhan, tiyangipun lumampah ing pinggir lèpèn). Bilih
botên makatên, têmtu botên sagêd mudhik, awit ilining toya sakalangkung santêr,
jalaran dhasaring banawi miring sangêt, sarta dhasaripun sela ingkang mlapar.
Kêdhung Maya
Ing sangandhapipun sela kèrèk,
wontên kêdhungipun ingkang kaanggêp gawat, kawastanan kêdhung Maya. Kathah
baita ingkang manggih pakèwêd ing ngriku, jalaran tikunganipun sakalangkung
santêr toyanipun.
Saking cariyosipun tiyang Jawi,
kêdhung Maya punika angkêr, jalaran ing salêbêtipun kêdhung ngriku wontên
putrinipun ingkang kalap, anama Dèwi Maya. Gancaripun kados ing ngandhap
punika:
Kala ing jaman kina, dhusun
Kuwung wontên pangagêngipun nama Kyai Agêng Kuwung. Anuju satunggil dintên,
amêng-amêng dhatêng laladanipun dhusun Kuwung, dumadakan pirsa lare kentir ing
lèpèn Kurong kasangsang ing ronggot, nuntên dipun tulungi, lare lêstantun
wilujêng, sarta kadadosakên pangènipun.
Dene sayaktosipun lare punika
ing ngajêng asal saking anak angkatipun êmbok răndha ing Jambe, warninipun
sakalangkung bagus. Ing sarèhne pinanggihipun kasangsang ing ronggot, Kyai
Agêng Kuwung lajêng amaringi nama dhatêng lare wau Jaka Sangsang.
Kacariyos Kyai Agêng Kuwung
punika maesanipun kathah sangêt, bilih pinuju kaplegungakên uyêgipun prasasat
sêmut. Dene patilasan plegungan sapunika dados lèpèn katêlah nama lèpèn Sêmut.
Ing sarèhne maesanipun Kyai
Agêng Kuwung kathah sangêt, pangènipun inggih kathah, yèn dalu sami tilêm
anggalasah wontên ing pandhapanipun Kyai Agêng. Nuju satunggiling dalu
putranipun putri Kyai Agêng Kuwung nama Dèwi Maya mêdal saking griya, sumêrêp
ing pandhapi wontên cahya mancorong, lajêng dipun purugi.
Sarêng cêlak têtela ing paningalipun, ingkang mawa cahya punika salah satunggiling pangènipun ingkang rama. Sinjanging pangèn ingkang mancorong nuntên kabundhêlan, supados kenging katitik, pangèn sintên ingkang gadhah cahya mancorong. Enjingipun katiti pirsa, ingkang pinanggih sinjangipun bundhêlan, pangèn ingkang nama Jaka Sangsang.
Nalika samantên Jaka Sangsang sampun diwasa. Sang Dèwi Maya sangêt kasmaran ing
panggalih dhatêng Jaka Sangsang, lajêng kapundhut garwa, nanging ingkang rama
lingsêm sangêt, dene putranipun krama namung angsal pangènipun. Kyai Agêng
tumuntên ngupados rekadaya murih pisahing putranipun kalihan Jaka Sangsang.
Jaka Sangsang lajêng kautus nyaosakên sêrat dhatêng Pajang, sagêda dados abdi
wontên ing nagari Pajang salami-laminipun. Jaka Sangsang botên suwala inggih
lajêng bidhal, nyaosakên sêrat dhatêng Pajang.
Kacariyos, sarêng dumugi ing
Pajang katarimah pasuwitanipun. Sarèhne warninipun pancèn bagus, wontên ing
ngriku inggih dipun kedani dening putri Pajang, kalampahan putri wau dados
jatukramanipun.
Kocap Sang Dèwi Maya ingkang
kantun ing dhusun Kuwung, sarêng sampun tita anggènipun ngêntosi konduring
garwa, mêksa botên wontên wasananipun, lajêng bidhal sumêdya nusul ingkang raka
dhatêng Pajang, nanging sarêng nyabrang banawi kentir, ical wontên ing kêdhung,
jalaran ingkang makatên punika kêdhung wau kanamakakên kêdhung Maya.
Jaka Sangsang sarêng sampun lami
wontên ing Pajang, èngêt dhatêng garwanipun ingkang tinilar ing dhusun Kuwung,
sumêdya dipun tuwèni, lajêng pamitan dhatêng ingkang garwa putri Pajang, badhe
martuwi sakêdhap dhatêng dhusun Kuwung, sang putri Pajang inggih anayogyani.
Nalika lampahipun Jaka Sangsang
dumugi Kêdhung Maya, wontên tiyang ingkang wêwartos, yèn garwanipun ingkang
nama Dèwi Maya sawêg kemawon nyabrang banawi, sumêdya nusul dhatêng Pajang,
nanging lajêng kentir ical ing kêdhung ngriku. Jaka Sangsang sangêt ngungun ing
panggalih, ingkang katingal namung Sang Dèwi Maya, kados katingal-katingala ing
salêbêtipun kêdhung warninipun maya-maya, pramila botên sarănta ing panggalih,
enggal anggêbyur ing kêdhung, ical wontên ing ngriku.
Putri Pajang ngêntosi Jaka
Sangsang lami botên wangsul, lajêng kasusul, sarêng lampahipun dumugi kêdhung
Maya, angsal pawartos, bilih ingkang raka Jaka Sangsang ical wontên ing kêdhung
ngriku. Sang putri inggih lajêng anggêbyur salêbêting kêdhung sarta ical wontên
ing ngriku.
Kadadosan saengga sapriki
kêdhung Maya punika taksih gawat, asring kemawon baita manggih bilai wontên ing
ngriku, mila tiyang-tiyang ingkang nglampahakên baita, bilih dumugi ing ngriku
kêdah ngatos-atos, sami kèndêl, botên kenging rêrêmbagan ingkang botên sae.
Ananging sajatosipun pamanggih ingkang kados makatên punika kalêbêt gugon
tuhon. Dene sayêktosipun, amila kêdhung Maya wau asring ambêbayani, jalaran
ilining toya santêr tur androjog, dados baita gampil manggih bilai kèrêm.
Banawi Guwa Santana Ing
sangandhapipun kêdhung Maya wontên panggenan ingkang kaanggêp gawat malih,
inggih punika nama banawi Guwa Santana. Mila kanamakakên makatên, awit
lampahing banawi wontên ing ngriku notog sela agêng, sanginggiling sela wontên
guwanipun, dene sanginggiling guwa wontên astana (pasarean) tilasipun wali
Kangjêng Sunan Bonang. Sabên lampahing baita dumugi ing ngriku kêdah
angatos-atos, botên kenging rêrêmbagan ingkang sora saha ingkang awon.
Nalika jamanipun para wali, ing
dhusun Bonang wontên satunggiling jêjaka ngupados pangengeran, waktu punika bok
răndha rencangipun kyai pangagênging dhusun ngriku pinuju mêdal ing lurung,
sarêng sumêrêp jêjaka wau lajêng nyêlak sarwi apitakèn nama tuwin pinangkanipun.
Ingkang tinakenan mangsuli bilih piyambakipun tiyang kabur kanginan, namanipun
miturut ingkang mastani, sêdyanipun badhe ngupados pangengeran, mila lajêng
nêmbung ngèngèr dhatêng bok răndha wau.
Bok răndha kapinujon ing
manahipun, jêjaka kaajak mantuk kaaturakên kyai agêng. Kalêrêsan kyai agêng wau
botên darbe anak tur kapenginipun sangêt, jêjaka lajêng kapêndhêt anak,
kanamakakên Bocah. Nalika samantên pangupajiwanipun kyai agêng langkung gampil,
sadaya ingkang katanêm sami tulus-tulus, lami-lami kasugihanipun kyai agêng
sangsaya ngrêda.
Mila sangêt ing trêsnanipun dhatêng anak pupon wau, panganggêpipun kadosdene anakipun piyambak. Nanging pun Bocah botên badhe agêng manahipun, ingkang kacipta namung ngupados margining kautamèn, ing sadintên-dintên tansah nyêgat ing margi agêng.
Yèn pinanggih
tiyang ngrêmbat utawi anggêgendhong barang ingkang kawratên, kaêtêrakên ngantos
dumugi ing griyanipun, yèn wontên ingkang nyukani pituwasing kangelanipun
inggih katampenan kalihan bingahing manah, sasampunipun lajêng kawangsulakên
malih minăngka sidhêkahipun.
Kacariyos pun Bocah punika
saking wicaksananipun yèn pinuju dintên Jumuwah sagêd sêmbahyang wontên ing
masjid Mêkah ngantos botên sagêd kasumêrêpan tiyang ingkang nunggil sagriya,
ananging lami-lami ugi kasumêrêpan, jalaran makatên: wontên satunggiling tiyang
Lasêm minggah kaji.
Sarêng dumugi ing Mêkah, badhe wangsul mantuk botên sagêd, jalaran katêlasan sangu, mila sangêt ing prihatosipun. Piyambakipun nuntên sowan ing ngarsanipun sèh, inggih punika satunggiling tiyang ingkang sampun kaanggêp dados sêsêpuhing nagari ngriku, ngaturakên kasangsaraning badanipun saha nyuwun pitêdah sagêdipun wangsul dhatêng nagarinipun, sèh wêlas dhatêng khaji wau, lajêng aparing pitêdah makatên:
"he, khaji, yèn kowe kapengin bisa mulih marang tanah Jawa, besuk dina Jumuwah ngarêp iki yèn panuju akèh khaji padha sêmbahyang ing masjid, golèkana khaji isih bocah, panganggone sarwa lurik irêng, sabubare sêmbahyang banjur gendholana jobahe, kambi suwunana pitulungan bisamu mulih, saiki kowe mundura, lakonana kang dadi pituturku.'
Khaji lajêng mundur kalihan asrêping manah.
Sarêng panuju dintên Jumuwah
kathah khaji sami sêmbahyang katiti saking satunggil, sayêktos wontên
satunggiling khaji ingkang panganggenipun cocog kalihan dhawuhing sèh wau. Sabibaring
sêmbahyang enggal dipun gendholi jobahipun, sarwi matur ngrêrêpa nyuwun tulung
sagêdipun mantuk dhatêng ing griyanipun Lasêm. Khaji kapurih gendholan saha
mêrêm kemawon, sakêdhap sampun dumugi ing Lasêm lajêng kapurih mêlèk.
Sarêng mêlèk andadosakên ing gumunipun, dene sumêrêp-sumêrêp sampun dumugi ing sangajênging griyanipun, saking sangêting bingah khaji lajêng ngampirakên dhatêng tiyang nem-neman wau sumêdya malês ing kasaenan.
Ingkang kaampirakên botên karsa nuruti, namung
mêling benjing yèn sêpên ing pambêngan, pun khaji kapurih martuwi dhatêng ing
Bonang, tumuntên sami andum wilujêng sowang-sowangan andumugèkakên dhatêng
griyanipun piyambak-piyambak, sadumugining griyanipun, khaji karubung dening
anak semah saha sadhèrèk punapa malih tăngga têpalihipun, sami martosakên
sababing ngantos lami wontên ing Mêkah.
Khaji lajêng ngandharakên
lampahipun sadaya ingkang pinanggih ing badanipun, para ingkang mirêngakên sami
gumun saha ngêrês manahipun. Botên antawis lami khaji wau sumêdya têtuwi
dhatêng Bonang, semahipun lajêng kapurih andamêl têtêdhanan ingkang sae badhe
kadamêl angsal-angsal, sasampunipun nuntên bidhal. Sadumugining Bonang dèrèng
ngantos madosi sampun kapêthukakên dening jêjaka wau, kairit ing griya lajêng
kapapanakên lênggah, angsal-angsal katur têrus kalêbêtakên ing griya.
Kyai agêng sumêrêp bilih wontên
tamu lajêng mêdal amanggihi, ngantos dangu anggènipun sami rêrêmbagan, wusana
kyai agêng apitakèn wadosipun, têka anakipun kapunjung. Tamu nyariyosakên
wiwitan engga pungkasan, sarêng sampun lajêng pamitan mantuk, sapêngkêripun
tamu kyai agêng anjêngêr, kamanah-manah ngantos dangu, wasana darbe pangintên
bilih lare ingkang kapêndhêt anak punika sayêktosipun waliyolah, mila katawis
ing sêmu ragi ajrih, panganggêpipun beda kalihan adatipun.
Pun Bocah sumêrêp dhatêng
sêmuning kyai agêng, sangêt adamêl rikuhipun. Lajêng pamit kesah sumêdya
ngupados puruitan. Kyai agêng anjurungakên, pun Bocah lajêng bidhal purugipun
ngilèn lêrês, cêkaking cariyos sampun dumugi ing nagari Cirêbon, anjujug ing pondhok
pasantrènipun Kangjêng Susuhunan Cirêbon. Kabagèkakên para santri, pun Bocah
mangsuli yèn saking dhusun Bonang (Lasêm) sêdyanipun badhe puruita ing pondhok
ngriku.
Lare katur dhatêng lurah pondhok sarta wiwik wêktu punika kacacah dados santrining pondhok ngriku. Pasantrèn Cirêbon punika caranipun bilih ngisèni kolah katata giliran nyadasa utawi langkung, amargi saking kathahipun murid.
Sarêng dhawah giliranipun
santri enggal sakancanipun, kolah lajêng kaisenan piyambak, dèrèng ngantos
saêjam sampun kêbak, kancanipun sami gawok, lajêng angaturi pawartos dhatêng
lurahing pondhok, bilih santri enggal punika langkung dènira sêkti, amargi
sagêd ngêbaki kolah dèrèng ngantos sajam, măngka adatipun kaisenan lare sadasa
sadintên muput botên sagêd kêbak. Bab punika lajêng konjuk ing ngarsanipun wali
Kangjêng Sunan Cirêbon, pangandikanipun Kangjêng Sunan: aku ora ngandêl yèn
kolahe wis kêbak, kiraku isih kothong, coba padha tilikana manèh.
Para santri enggal sami nuwèni,
katingal kolah sampun sat gêrèng, sakathahing santri sami alok-alok bilih
kolahipun sampun sat malih. Dupi santri enggal mirêng lajêng wicantên malih:
gajêge dhèk wau têka êmpun kêbak, cobi ta, bok pada dika tiliki. Para santri
agahan nuwèni, sayêktos kolah sampun kêbak mêncêp-mêncêp. Para santri munjuk
malih dhatêng ngarsanipun Kangjêng Susuhunan, yèn kolah nyata kêbak.
Kangjêng Sunan ngandika: iya sukur, saiki santri anyar iku undangên mrene. Santri enggal lajêng kairid sowan. Sarêng Kangjêng Sunan pirsa wujuding santri wau, botên kakilapan bilih punika sayêktosipun badhe wali. Lajêng kadangu saliring pangawikan, wangsulanipun botên wontên ingkang kuciwa, mila lajêng ingandikakakên wangsul kondur malih, saha kabêbahan mranata agami Islam ing tanah Jawi Têngah. Ingkang dhinawuhan botên talompe, sakêdhap sampun dumugi ing Bonang.
Kyai agêng sumêrêp bilih
anakipun dhatêng sangêt andadosakên bingahing manahipun, tumuntên kayasakakên
panggenan piyambak. Nalika samantên pun Bocah sampun diwasa, lajêng wiwit
mêncarakên agami Islam.
Saking wasising pamuruk saha
luhuring budinipun, andadosakên kèdhêping tiyang dhusun Bonang sadaya,
lami-lami ajêjuluk Kyai Modin, amargi sinêpuh-sêpuh.
Gêntos kacariyos, wontên bêbenggoling durjana, anama Blacakngilo, adhêdhepok ing pucakipun rêdi Bonang. Sampun komuk ing ngakathah yèn pun Blacakngilo wau langkung dènira sêkti amăndra guna, sagêd manjing ajur-ajèr, muridipun langkung kathah, padamêlanipun Blacakngilo samuridipun ing sadintên-dintên amung tansah ambegal, anjarah rayah ing padhusunan, yèn wontên ingkang băngga kapêjahan.
Ingkang makatên wau adamêl
kêkês mirisipun tiyang gêgriya, têmahan sami nyuwun tulung dhatêng Kyai Modin,
sagêda mênggak ambêk niayanipun Blacakngilo. Kyai Modin lajêng tindak ing
padhepokanipun Blacakngilo.
Kocapa ingkang wontên ing
padhepokan sampun sumêrêp bilih badhe kadhatêngan mêngsah, lajêng ngêmpalakên
para muridipun, kapurih sami ngatos-atos amargi badhe kadhatêngan mêngsah
ingkang langkung dibya sura sêkti, inggih punika pun Modin Bonang. Para
muridipun kapurih sêdhiya sela pintên-pintên ingkang agêngipun
saprangkul-prangkulan, pamrihipun yèn Kyai Modin minggah ing padhepokan, lajêng
dipun gunturana sela saking nginggil, supados gampil pêjahipun.
Dèrèng watawis dangu Kyai Modin sampun dhatêng, para murid sami botên wontên ingkang sumêrêp margi ingkang kaambah, tumuntên lênggah ing ngajêngipun Blacakngilo. Blacakngilo apitakèn: ontên damêle napa Si Modin têka mriki, napa pêrlu ajêng sêjarah mawon.
Wangsulanipun Kyai Modin:
" têka kula ing ngriki niki, nampi ature kănca kula tiyang dhusun Bonang. Napa bênêr yèn ki sanak sakancane padha agawe rêrusuh ngaru biru tiyang gêgriya, yèn dhasar nyata bêcik dimarèni, napa pakolèhe agawe kasusahaning sapadha-padhane tumitah'.
Blacakngilo sarêng mirêng cariyosipun
Kyai Modin lajêng nêpsu sarwi wicantên: hèh, Modin, pêrlune apa dahwèn
anglarangi kêkarêpane wong. Iya yèn kowe arêp ngalang-alangi, măngsa andadak
mundura, aja manèh wong siji, sanajan aku kinrubuta wong sa-Bonang kabèh,
kaya-kaya ora anggigrigake wuluku salămba.
Ayo Kyai Modin ngadu kasantikan.
Blacakngilo lajêng angêdalakên kasantikanipun, kêthunipun kacêpêng kaumbulakên
sagêd muluk ing gêgana, Kyai Modin kapurih nututi, trêngginas ambujêng kêthu
sakêdhap sampun kacêpêng kabêkta ing ngajêngipun Blacakngilo. Blacakngilo
rumaos kalingsêman, lajêng anyandhak gandhèn kapuja dados sawung, Kyai Modin
dipun ajak ngabên sawung, nuntên amuja palu dados sawung. Kaabên langkung rame,
gêbag-ginêbag, sarêng sawungipun Blacakngilo kapranan sanalika gandhèn malih.
Blacakngilo rumaos kawêkèn, lajêng ngajak dhêlikan, Kyai Modin mituruti sapikajêngipun, sanalika Blacakngilo anggayuh ing ngakasa nguwuh-uwuh saking nginggil: he, santri buki, Si Modin kang nistha ing budi, gawemu ngalap wêjani, tututana aku.
Kyai Modin lajêng
anjawil saking wingking, Blacakngilo kagèt tumuntên niyub mangandhap, amblês
ing dhasaring bumi. Ing ngriku darbe pangintên yèn Kyai Modin sampun botên
sumêrêp piyambakipun, sarêng mlengak sampun wontên ing wingkingipun, enggal
lumajêng sarosanipun mancungul ing rêdi Kajar (Lasêm) Kyai Modin sampun pinarak
sacêlakipun ngriku.
Amblês malih mancungul ing rêdi Rèngêl, Kyai Modin ugi sampun wontên ing ngriku, amblês malih mancungul ing rêdi Bêkti sakidulipun kitha Tuban, Kyai Modin makatên ugi sampun jumênêng ing sacêlakipun. Amblês malih mancungul ing sapinggiring Bênawi Sala labêtipun dados guwa ing panggenan wau kanamakakên Guwa Sêntana.
Kyai Modin ugi sampun
mêndhêt toya wulu ing ngriku. Blacakngilo rumaos kajodhi ing kasêktèn saha
sampun sangêt sayahipun, mila lajêng sumendhe ing sakarsanipun Kyai Modin.
Patilasanipun dados dhusun kanamakakên dhusun Mèndhèn, amargi sumendhenipun
Blacakngilo wontên ing ngriku.
Kyai Modin lajêng wangsul kondur
ing Bonang malih, rawuhipun adamêl suka panarimahipun tiyang kathah. Kyai Modin
anglajêngakên pamurukipun agami Islam, saya lami sangsaya kathah muridipun,
ngantos kasungsung tiyang saking măncanagari. Kuncaranipun Kyai Modin langkung
têbih, lajêng ajêjuluk Sèh Maulana Mahribi inggih Kangjêng Susuhunan Bonang,
amargi adêdalêm ing dhusun Bonang.
Ingkang kasêbut ing nginggil
punika, anyariyosakên pêrangipun Sunan Bonang kalihan Blacakngilo. Wontên ugi
ingkang anyariyosakên pêrangipun Kyai Pandhanarang (Sunan Bayat) kalihan tiyang
kapir.
Kacariyos Kyai Pandhanarang
kesah sumêdya anggêguru ing Sunan Kalijaga. Mênggah saking lêlampahanipun
kasumêrêpan ing kasêktènipun, dados panêngêran bilih piyambakipun sanès tiyang
urakan, ananging angatawisi badhe calon wali ugi, pramila sadaya para muridipun
kathah ingkang sami suyut miturut dhatêng piyambakipun, punapa malih ingkang
sami dhatêng saking ing pundi-pundi sami anggêguru.
Anuju satunggiling dintên, Kyai
Pandhanarang dhatêng ing Rêdi Gambar, inggih punika pratapanipun Ki ajar
Prawira Sêkti. Lajêng kengkenan muridipun angupadosi ajar wau, ananging botên
dipun panggihi, malah sintên-sintêna ingkang purun angambah ing pratapan ngriku
dipun galundhungi ing
sela, dados para muridipun Kyai
Pandhanarang sadaya sami wangsul, angaturakên punapa kawontênanipun.
Kyai Pandhanarang tumuntên
lumampah piyambak, sawêg dumugi sukuning rêdi Gambar kasumêrêpan dening ki
ajar, botên sarănta kapêndhêtakên sela ingkang agêng-agêng dipun galundhungakên
dhatêng Kyai Pandhanarang, ananging tangèh sagêd andamêl kasangsaranipun,
amargi saking kasêktènipun Kyai Pandhanarang, gamparanipun kemawon sagêd
angêndhêg sela wau.
Sasampunipun dumugi pucaking
rêdi lajêng sami bêbantahan, ki ajar botên purun manut ing piwulangipun Kyai
Pandhanarang, saha kumêdah angabên kasêktènipun, dene sintên ingkang kasoran
inggih punika dados rencangipun ingkang unggul (mênang).
Ki ajar anguculakên pêksi dara
bablas ibêripun, sanalika punika ngantos botên katingal. Kyai Pandhanarang
ambucal gamparipun manginggil, sagêd amragad ing pêksi dara wau. Sanadyan
makatêna pun ajar ugi dèrèng purun kawon, lajêng amêndhêt kêthunipun kaumbulakên,
ugi kasaut dening gamparanipun Kyai Pandhanarang ingkang sasisih
(satunggalipun), ananging pun ajar mêksa dèrèng rumaos kawon, nuntên anyiluman
andhêlik wontên sangandhaping sela.
Patrapipun makatên wau katingal
kemawon dening Kyai Pandhanarang, mila nuntên kagèrèt mêdal saking
sangandhaping sela wau. Pun ajar angewahi prajangjinipun: sapunika Kyai
Pandhanarang gêntos kapurih andhêlik, ki ajar ingkang ngupadosi.
Sarêng sampun dangu anggèning
ngupadosi dhatêng Kyai Pandhanarang botên sagêd kapanggih, saking sangêting
sayah ngantos tanpa daya, wusana asrah tobat saha lajêng manjing dados sakabat.
Wontên malih cariyosipun Kyai
Pandhanarang pêrang kalihan Ajar Citragati.
Kados ingkang sampun kacariyos,
ajar punika botên purun kasoran dening Kyai Pandhanarang, mila angabên
kasêktènipun malih: Ajar Citragati ambucal kudhinipun manginggil, Kyai
Pandhanarang angumbulakên aritipun. Kudhi kalihan arit têmpuk lajêng sami
tarung wontên ing nginggil, dene kudhi kawon sigar dados kalih, arit ingkang
mênang.
Ki ajar dèrèng rumaos kawon,
amêndhêt kêndhi isi toya kabucal manginggil, toyanipun botên sagêd wutah. Kyai
Pandhanarang anguncalakên têkênipun anututi kêndhi wau, kêndhi kenging dipun
thuthuk ing têkên pêcah (rêmuk) dhawah ing siti, toyanipun botên ical mawut,
nanging awarni kêndhi ugi. Wêkasan pun ajar rumaos kawon kaprawiranipun lajêng
manut dhatêng Kyai Pandhanarang dados muridipun.
Sedanipun Kangjêng Susuhunan
Bonang kasarèkakên ing dhusun Bonang, kapanjingakên ing masjid Bonang.
Sawênèhing cariyos, Kangjêng
Sultan ing Madura kèlu saking kapitadosan, bilih tanah Madura sagêd dipun
panggèni pasareanipun Kangjêng Susuhunan Bonang, pawingkingipun ingkang sarira
dumugi satêdhakturunipun sagêd manggih kawilujêngan, mila lajêng utusan para
abdi saking Madura ambêkta baita agêng ingkang dipun wastani baita Mayang,
andhudhuk pasareanipun Kangjêng Susuhunan wau wontên ing Bonang. Inggih lêrês
pinanggih sarupi mayid.
Para têtiyang Madura lajêng
mêndhêt mayit wau, kawrat ing baita, tumuntên baita kalampahakên, saking Bonang
lampahipun baita mangetan, wêktu samantên ingkang nglampahakên baita sami
asuka-suka, nanging sarêng dumugi sagantên salèripun Tuban, lajêng katêmpuh ing
barat, baita nuntên kakèndêlakên, sarêng angin sampun kèndêl, baita
kalampahakên malih, nanging tansah botên sagêd lumampah, mila lajêng sami
gadhah akal, baita ingkang angêwrat mayit wau katarik dening baita-baita
sanèsipun, ugi botên sagêd lumampah, kèndêl kemawon, para tiyang Madura wontên
ingkang ngunjuki pirsa Kangjêng Sultan Madura bab punika.
Kangjêng Sultan lajêng utusan
yasa baita kangge angglèndhèng, sarêng sampun mirantos, nuntên kalampahakên,
sadumuginipun ing panggenan baita ingkang mogok, lajêng kagèrèt, nanging sadaya
budidaya wau botên migunani.
Kangjêng Sultan Madura nuntên mundhut rêmbag dhatêng para santana utawi para pinisêpuh, pinanggihing rêmbag, kangjêng sultan andhawuhakên, mayit wau andikakakên ngubur wontên ing kitha Tuban sacêlakipun panggenan kèndêling baita.
Utusan wau lajêng numpak baita
dhatêng panggenan wau. Ingkang dados kagètipun têtiyang Madura, sadumuginipun
cakêting baita, sampun aningali, baita wau awit sagêd lumampah minggir nyakêti
dharatan, kalêksanan mayit wau kasarèkakên ing kitha Tuban, ingkang ngantos
sapriki taksih dados panggenan sajarahipun para tiyang agami Islam.
Banawi Pasarsore
Salèripun dhusun Mêrbong bawah
ondêrdhistrik Ngrao, dhistrik Tambakrêja, kabupatèn Bojanagara, kapêrnah
sabrang lèr, dhusun nama Jipang, tumut bawah dhistrik Panolan, kabupatèn Blora,
ing ngriku wontên panggenan tilas karatonipun Adipati Jipang, ingkang ajêjuluk
Ariya Panangsang inggih Prabu Ariya Dikrama.
Tilas kraton Jipang punika
dumunung sapinggiring Banawi Sala, kapêrnah sakilènipun kraton, kadamêlakên
sudhetan banawi enggal, dumugi lèpèn Kêcing têrus Banawi Sala malih. Jêmbaring
siti ingkang kaubêngan lèpèn, inggih punika ingkang kadamêl kithanipun Ariya
Jipang, watawis wontên sapal pasagi. Ing sapunika panggenan wau limrah
kawastanan banawi Pasarsore.
Pramila Ariya Jipang yasa kitha
mawi kinubêng ing larèn (lèpèn), awit panjênênganipun pancèn sumêdya mampang,
botên karsa kaêrèh ing sanès.
Kacariyos nalika Ariya
Panangsang jumênêng Adipati Jipang, ingkang dados pêpatihipun wasta Radèn
Mataun, taksih kapêrnah sadhèrèk rilak[3] (tunggil nusu), titihanipun
Ariya Panangsang kapal cêmêng nama Gagak Rimang, paringan saking Kangjêng
Sultan Bintara, langkung wantêr kangge paprangan, awit punika kacriyos
titisipun Radèn Wăngsapati, patihipun Rănggalawe ing Tuban. Dene wasiyatipun
Ariya Panangsang dhuwung wasta Setan Kobêr, waos nama Tundhung Mungsuh.
Botên antawis lami Ariya Panangsang kalurugan prajurit saking Pajang, ingkang nyenapatèni Kangjêng Sultan Pajang piyambak, kanthi abdi prajurit kêkasih nama Ngabèi Sutawijaya, putranipun Kyai Agêng Pamanahan, ing nagari Mataram, sarta kanthi Kyai Agêng Pamanahan lan Pênjawi.
Nalika campuhing pêrang, Ariya Panangsang nyabrang
banawi Pasarsore rumiyin, awit saking wantêripun, botên kuwawi mirêng
sêsumbaring prajurit Pajang, măngka nalika wiwit pêrang sampun wontên swara,
sintên ingkang nyabrang banawi rumiyin, masthi apês yudanipun. Rèhne ingkang
dipun ajrihi bala Pajang kapalipun, mila lajêng dipun akal dening Ngabèi Sutawijaya,
anandhingi pêrang mawi numpak kapal èstri, Kyai Agêng Pamanahan lan Pênjawi
sami ngrundhuk ambêkta waos.
Sarêng kapal titihanipun Ariya
Jipang sumêrêp kapal èstri lajêng anggambira, botên kenging kaêrèh olahing
pêrang, andadosakên gampiling pamrajayaning mêngsah. Ariya Jipang tinumbak
dening Kyai Agêng Pamanahan lan Pênjawi, ususipun mêdal, nanging lajêng kasampirakên
ing dhuwungipun, kalihan têksih angamuk punggung. Wasana dangu-dangu kinrubut
ing kathah, andadosakên sirnanipun, nagari Jipang bêdhah, nuntên dados
bawahipun kraton Pajang. Wiwit nalika punika kratonipun Ariya Jipang risak.
Nalika sugêngipun Ariya Jipang
karsa yasa sela gong, ing samangke sela gong punika taksih wontên, kêlêm ing
toya Banawi Sala kapêrnah sangajêngipun banawi Pasarsore. Têtiyang baita bilih
dumugi ing ngriku kêdah angatos-atos, sumingkir saking sela gong punika, saha
botên kenging wicantênan ngangge têmbung ingkang botên prayogi, upami botên
makatên saèstu manggih bilai.
Ing sasedanipun Ariya Jipang,
kratonipun botên wontên ingkang ngopèni, lami-lami sudhetan banawi ingkang nama
Banawi Pasarsore wau pulih malih, sapunika sampun kenging kasabin, lan kadamêl
patêgilan. Siti labêt dalêm miwah masjid, sapunika taksih katingal gênêng,
kathah banon-banonipun agêng, nanging têtiyang sami ajrih mêndhêti jalaran
kuwatos kenging wilalatipun.
Ing dhusun Mêrbong, Payaman,
Jipang, ngantos sapriki bilih wontên kapal ingkang manak mêdal jalêr ulês
cêmêng, têmtu botên sagêd gêsang, manawi mêdal èstri ulês cêmêng sagêd ugi
gêsang, lampahipun prayogi sarta sakalangkung santêr. Bab
êngkang[4] makatên punika, saking cariyosipun tiyang inggih saking
sawabing titihanipun Adipati Jipang ingkang nama Gagak Rimang.
Ing ngriku ugi prêlu
katêrangakên bab cariyosipun Arya Panangsang anggèning botên purun kaêrèh
dening tiyang sanès. Bilih miturut kawontênanipun ing sêrat babad
sapanunggilanipun, Arya Panangsang punika têtela satunggiling tiyang ingkang
lampahipun botên wontên sanès kajawi namung sumêdya angrisak dhatêng ing
karaton Dêmak, ananging manawi kapatitisakên sampun tamtu lajêng sami salin ing
pamanggih.
Mulabukanipun nagari Dêmak
punika ingkang angratoni Radèn Patah, Radèn Patah apêputra nênêm:
1. Garwanipun Pangeran Cirêbon,
2. Pangeran Sabrang Lèr (seda
botên pêputra),
3. Pangeran Seda Lèpèn (inggih
punika ingkang rama Arya Panangsang),
4. Pangeran Trênggana,
5. Radèn Kandhuruhan (Pangeran
Panggung),
6. Radèn Pamêkas.
Ing sasedanipun Radèn Patah,
ingkang gêntosi jumênêng nata Pangeran Sabrang Lor, botên antawis dangunipun
lajêng seda saha botên pêputra, nuntên kagêntosan ing Pangeran Trênggana.
Sasedanipun Pangeran Trênggana, mênggah ingkang pantês anggêntosi kaprabon
Pangeran Seda Lèpèn, ananging Pangeran Seda Lèpèn wau lajêng seda kacidra
dening Pangeran Prawata, putranipun Pangeran Trênggana, inggih punika ingkang
gêntosi jumênêng nata.
Pangeran Seda Lèpèn pêputra Arya
Panangsang, dados sapunika sampun cêtha bilih Arya Panangsang wau pancèn
anggadhahi karaton ing Dêmak. Ananging salaminipun Pangeran Trênggana jumênêng
nata botên dipun prêduli, sasedanipun Pangeran Trênggana lajêng kagêntosan
dening putranipun piyambak.
Pramila Arya Panangsang botên
sagêd angampah bêntèring manah, dene panyidranipun dhatêng ingkang rama
(Pangeran Seda Lèpèn) wau saking melik dhatêng kaprabon ingkang dados
wajibipun. Satêmah Pangeran Prawata lajêng seda kacidra dening Arya Panangsang,
ananging ugi dèrèng marêm manahipun sabab Pangeran Trênggana kagungan
putra-putri sakawan saha sampun krama dhaup kalihan:
1. Pangeran Langgar (ing
Madura),
2. Pangeran Kalinyamat (Japara),
3. Pangeran Cirêbon,
4. Jaka Tingkir, Adipati Pajang.
Arya Panangsang nuntên utusan
anyidra Pangeran Kalinyamat, kalampahan seda, lajêng utusan malih anyidra
dhatêng Jaka Tingkir ing Pajang, ananging botên sagêd kasêmbadan, malah Arya
Panangsang piyambak ingkang nandhang tiwas (seda), kadosdene ingkang kasêbut
ing nginggil punika.
Tinggang
Ing sangandhapipun banawi
Pasarsore wontên kêdhungipun nama Kêdhungbraja, ing ngriku kajogan lèpèn alit
nama Tinggang, ingkang tukipun saking rêdi Ngancik, sakilènipun rêdi Pandhan.
Mila lèpèn punika kanamakakên Tinggang, jalaran saking cariyosipun tiyang kina,
ing kala rumiyin ngriku punika wontên danawa pêjah bathangipun ambrêganggang,
dados nama Tinggang punika pamêndhêtipun saking têmbung: mati kalihan
ambrêganggang, kawancah dados tinggang, gancaring cariyos makatên:
Anuju satunggiling wêktu, wontên
danawa kaluwèn lumajêng saking kidul, anjog ing dhukuh Nituwan, kèndêl wontên
ing griyanipun răndha ing padhukuhan ngriku, gadhah panêmbung supados
kasukanana nêdha, saking ajrihipun bok răndha inggih lajêng anglêksanani panêdhanipun,
enggal bêthak sarta kêlan jantung (sêkar pisang). Ing sarèhne anggènipun
nyambut damêl sêmu gugup, nalika piyambakipun ngiris jantung tanganipun
kapêrang, rahipun amor kalihan iris-irisan jantung wau.
Sarêng anggènipun olah-olah nyai
răndha sampun matêng, nuntên kasukakakên dhatêng danawa, dipun têdha karaos
sêgêr badanipun, nanging kirang marêm, kapengin măngsa tiyang, nyai răndha
sumêdya kamăngsa, nanging nuntên lumajêng, ing sapurugipun dipun êlud, ngantos
dumugi ing dhusun Prangi, ing ngriku nyai răndha kapitulungan dening kyai agêng
ing Prangi, danawa lajêng dipun papagakên kyai agêng, sami pêpêrangan, jalaran
saking punika panggenan papan pêrangan wau dados dhusun kanamakakên dhusun
Prangi.
Pêrangipun kyai agêng ngantos
dangu dèrèng wontên ingkang kasoran, ing wasana danawa dipun jêmparing dening
kyai agêng kenging dhadhanipun, tumuntên lumajêng, wêkasan ambruk pêjah
ambrêganggang, panggenan pêjahipun ing sapunika dados dhusun nama Tinggang,
dene ing ngriku ngantos sapunika taksih asring pinanggih balungipun
agêng-agêng, saking panyananipun tiyang kathah, punika balunging danawa ingkang
pêjah ing ngriku, nanging para pujăngga Eropah amastani kêkajêngan jaman kina
ingkang sampun malih rupi dados sela (versteeningen).
Bênawi Gêtas
Ing ngandhapipun banawi
Pasarsore wontên panggenan ingkang mutawatosakên tumrap tiyang baita, inggih
punika banawi Gêtas, ing ngriku satêngahipun banawi wontên pulonipun kêkalih
ingkang dumados siti walêd. Bilih toya banawi pinuju agêng, pulo wau sami botên
katingal, jalaran kasilêb ing toya. Tiyang baita utawi tiyang ingkang
nglampahakên gèthèk, manawi botên ngatos-atos, asring manggih bilai katanggor
ing pulo wau.
Kêdhung Wêr Pitu
Ing sangandhapipun banawi Gêtas,
wontên kêdhung nama Wêr Pitu, inggih punika dumunung ing têkukaning banawi,
toyanipun dados saulêkan.[5] Ing ngriku ugi wontên pulo satunggal, ingkang
dumados siti tlapak (siti ingkang atos sangêt saèmpêr sela), nanging
salaminipun kêlêm ing toya, têtiyang ingkang nglampahakên baita utawi gèthèk,
pêrlu anyumêrêpi pêrnahing panggenanipun pulo wau.
Kacariyos ing jaman rumiyin,
bilih wontên baita utawi gèthèk ingkang langkung ing ngriku, dèrèng purun
lajêng yèn dèrèng musêr kaping pitu, pramila katêlah ngantos sapunika kêdhung
wau kasêbut nama: Wêr Pitu.
Sobrah Pangantèn
Ing dhukuh Sêmandhing bawah
dhusun Kêmiri, wontên panggenan ing têngahing banawi kanamakakên Sobrah
Pangantèn, inggih punika kajêng sapasang ingkang gêsang ing têngah-têngahing
Banawi Sala. Saking cariyosipun tiyang Jawi, kajêng kêkalih punika kadadosanipun
pangantèn jalêr èstri ing jaman kina, ingkang nyabrang ing Banawi Sala,
ananging kêlêm ing ngriku, ngantos sapunika têksih kaanggêp singit, jalaran
sampun kathah katatalanipun, bilih tiyang nglampahakên baita kasambi gêgujêngan
lan sambranan, asring manggih bilai.
Kêdhung Waleyan
Banawi Sala kaprênah dhusun
Pêthak, wontên kêdhungipun nama Waleyan, saking kapitadosanipun tiyang Jawi,
ing ngriku punika wontên setanipun ingkang ambaurêksa nama Kyai Singajaya, dene
ingkang dipun panggèni ing wit asêm agêng dumunung sapinggiring kêdhung, ing
ngandaping asêm wau asring dipun sêkar tiyang Jawi ingkang sumêdya mêndhêt kasugihan.
Têrkadhang Kyai Singajaya punika manggèn ing kajêng ingas ingkang dumunung ing
pinggiran banawi dhusun Majênun, ing ngriku ugi kasêkar dening tiyang ingkang
badhe gadhah damêl mawi nabuh găngsa, nyuwun palilah Kyai Singajaya, awit yèn
botên makatên ingkang gadhah damêl asring manggih pambêngan.
Kêdhung Srungga
Banawi Sala dumunung ing dhukuh Kampak, dhusun Tanggir, wontên kêdhungipun ingkang kanamakakên kêdhung Srungga, miturut cariyosipun tiyang kina, ing ngriku wontên bayanipun ingkang sakalangkung galak, yèn wontên tiyang adus utawi nglampahakên baita asring kaganggu, mênggah panggenanipun baya punika miturut gothèking tiyang Jawi wontên ing gua, ingkang têmbusanipun dumugi ing Nglirip dhistrik Singgahan.
Lami-lami baya wau kadhawahan sela agêng botên sagêd budi, yèn pinuju măngsa
labuh, asring anyuwara gumludhug, kenging kangge têtêngêran tiyang tani,
samăngsa ing ngriku wontên swara makatên, anggènipun sêsabin tiyang tani badhe
mêdal, ananging sapunika kêdhung Srungga punika namung măngsakala têksih wontên
ingkang mirêng swaranipun gumludhug, ananging botên patos cêtha kados nalika
jaman kina, jalaran wana pajatosan ingkang cêlak ing ngriku, ingkang kala rumiyin
wana pajatosan agêng, ing sapunika sampun dados wana tarataban.
Pêpundhèn Tulung
Kapêrnah sakilènipun nagari
Bojanagara, dumunung sapinggiripun Banawi Sala, wontên dhusun nama Tulung, ing
ngriku wontên satunggiling pasarean ingkang kramat. Saking cariyosipun tiyang
sêpuh-sêpuh, ingkang sumare punika kasêbut gusti radèn, inggih punika putra
saking nagari Pajang ingkang kèngsêr saking paprangan, jalaran nagari Pajang
kabêdhah dening Panêmbahan Senapati ing Mataram.
Saking tăndhayêkti ingkang
sampun kalampahan, pasarean Tulung punika botên kenging kadamêl sambarangan.
Kacariyos kala rumiyin wontên tiyang ing dhusun Tulung ingkang sami purun
mêndhêt palanging pasarean, pêrlu kadamêl kajêng dang, wasana tiyang wau botên
lêd dintên lajêng bisu, namung sawatawis wulan dados pêjahipun.
Wontên anèhipun malih, tiyang
sadhusun Tulung punika sami ajrih ngombe arak, awit sampun wontên
kayaktosanipun, satunggiling tiyang ing dhusun Tulung ingkang nyobi ngombe
arak, lajêng kacandhak sêsakit ewah, ngantos dumugi ing tiwasipun. Bab makatên
punika inggih saking kramating pasarean wau.
Pasarean Buyut Kancana
Kapêrnah salèr wetanipun nagari Bojanagara, ing pinggiring banawi ingkang têmbing lèr wontên rêdinipun alit, tumut bawah dhusun Banjarsari, punika wontên pasareanipun nama Buyut Kancana, kawartos ingkang sami sumare ing ngriku para putra Pajang ingkang sami lolos tilar praja, nama Buyut Kancana, Buyut Irapati lan Buyut Sungging, lolosipun saking Pajang sami ambêkta garwa putra, lajêng sami dhêdhepok ing dhusun Banjarsari, acakal bakal ing ngriku, ngantos dumugi ing sedanipun, sarta kasarèkakên ing pasarean Buyut Kancana, kajèjèr sanga, jalaran saking punika sarean wau ugi kanamakakên Buyut Sanga, ing sabên taun pasarean punika dipun mêmule dening tiyang sadhusun Banjarsari, kasuwun sawabipun pandonga wilujêng.
Dene pasareanipun Buyut Irapati dados pasadrananipun tiyang ingkang
nglampahakên baita utawi gèthèk.
Ing nalika jaman taksih
sugêngipun Buyut Irapati, wontên cacriyosanipun kados ing ngandhap punika:
Anuju ing satunggiling dintên, garwanipun Buyut Irapati kesah dhatêng banawi kalihan ambêkta uwos, badhe dipun pususi, putranipun wontên ingkang andhèrèk satunggal. Sarêng Nyai Irapati sawêg mususi, dumadakan wontên baya nyarap, Nyai Irapati kabêkta amblês ing toya. Putranipun Nyai Irapati enggal lumajêng mantuk, matur ingkang rama kalihan anangis, bilih ingkang ibu kabêkta amblês ing toya dening baya.
Sanalika Buyut
Irapati enggal lumajêng dhatêng lèpèn, ambyur ing banawi, ing ngriku katingal
baya lumajêng dhatêng kêdhung Dhêpis dhusun Sima, têbihipun watawis sakawan
pal. Buyut Irapati angêlud lampahipun baya, ngantos dumugi ing kêdhung Dhêpis
wau, ing ngriku pinanggih kalihan ratuning baya, lajêng ngandika: hèh ratuning
baya, têkaku mrene arêp anjaluk pitikku putih wadon, kagawa bocahmu kene.
Mila Buyut Irapati ngandika
makatên, sabab rumaosipun, ingkang sami katingal ing ngajêngipun awarni janma
manungsa, namung wontên ingkang anèh satunggil, inggih punika ayam pêthak
dumunung ing kurungan susug.
Ratuning baya: Punapa punika
kagungan sampeyan ayam ingkang kabêkta kănca kula.
Buyut Irapati: Iya iki pitikku
kang kacolong bocahmu.
Ratuning baya: Manawi ayam
punika kagungan sampeyan, inggih sumăngga sampeyan pundhut.
Buyut Irapati: Aku anjaluk
bocahmu kang wis wani-wani nyolong pitikku, sabab dhèwèke wis agawe susah lan
kawiranganku, lan aku anjaluk supaya dhèwèke kapatrapan ukuman.
Ratuning baya: Kula botên sagêd
nyukani paukuman, kula namung nyumanggakakên ing karsa sampeyan kemawon.
Buyut Irapati: Yèn kaya mangkono
aku dak pamit ngulihake pitik iki dhisik, mêngko sadhela aku têka manèh,
angukum bocahmu bajul kang dosa.
Ratuning baya: Inggih
nyumanggakakên ing karsa sampeyan.
Buyut Irapati lajêng mancungul
saking toya, kalihan ambêkta ayam pêthak, ing wasana ayam pêthak wau lajêng
santun warni dados garwanipun Buyut Irapati.
Sasampunipun Buyut Irapati ngantukakên ingkang garwa, lajêng wangsul dhatêng kêdhung Dhêpis malih, kalihan ambêkta dhadhung duk, sumêdya ngukum baya ingkang sampun purun-purun nyarap ingkang garwa wau, sarêng sampun pinanggih, baya kadhadhung duk gulunipun, nuntên dipun titihi sarta dipun pênthungi, sambatipun amêlas asih, nanging botên dipun paèlu dening Buyut Irapati, anggènipun nitihi kalihan mênthungi ngantos dumugi ing Banjarsari Ngrayudan, wontên ing ngriku baya kaglandhang mêntas, sarta kadhawuhan mênthungi putra wayahipun.
Ing sarèhne baya sangêt
nandhang sakit, lajêng matur: nuwun gusti Buyut Irapati, kula sampun tobat,
botên pisan saanak turun kula purun-purun dhatêng putra wayah sampeyan, malah
kula sagah anjagi, bilih putra wayah sampeyan manggih bilai ing toya, ananging
kalilana matur, ing têmbe manawi kula ngatingal wontên sapinggiring banawi,
ingkang mêsthi banawi ngriku wontên kănca kula ingkang dhatêng ngupados
mêmangsan.
Sasampunipun baya martobat
makatên, lajêng kauculakên.
Ngantos dumugi ing sapunika
têtiyang ing Banjarsari sami botên purun adus ing banawi, bilih mêntas wontên
ing panggenan tilasipun baya kablandhang ing dharatan saking cariyosipun băngsa
sêpuh gulunipun katingal cêmêng. Ing sangandhapipun panggenan wau ngantos
dumugi banawi ingkang dados watês karesidhenan ing Surabaya inggih têksih
wontên cacriyosanipun, nanging botên kalêbêt anèh.
Tamat
sumber ( Yasri )

.jpeg)